Jumat, 25 November 2016



ORA SIDO PS’an

                Dina minggu kepungkur, yen dieling-eling sekitar tanggal 4 Oktober 2015, rumangsa aras-arasen ora ana penggawean. Males, pengen metu omah! Amarga saben wektu mesthi ana ing jero omah. Rumangsa kaya dara wae. Ning omah sepi, Bapak lan Ibuku pada nang Nganjuk kanggo nekani dulure seng duwe gawe, lan ning jero omah mung ana jenazah kecoa sing lagi melumah. Dumadakan aku duwe ide.
                “Sakiki lak ana panggonan PS anyar, dulin nang kono wae wes ambek ngajak Agung mesisan.”
                Aku banjur adus, salin gawe kaos sing apik, lan ora lali gawe minyak wangi ben ambune ora koyo wedhus. Aku enggal-enggal langsung nang omahe Agung karo mlaku, ben sehat.
                “Assalammualaikum, gung...., Agung!” Ngandikaku
                “Waalaikumsalam, lho, Adi, ana perlu apa kowe mengkene?” Pitakone Ibuke Agung
                “Ehhh..., niku Buk, Agunge wonten ing griya napa boten?”  Pitakonku marang Ibuke Agung
                “Enggeh Mas Adi, Agunge wonten ing omah, areke isih turu. Sampeyan tangikno kono Mas, soale lek ora ditangikno ora bakal tangi sampek sore, amarga Agung lek turu kaya kebo, ora tangi-tangi!”
                “Oooohh..., enggeh Buk, kula nyuwun sewu.”
                “Enggeh..., monggo Mas Adi.”
                Aku langsung tumuju nang kamare Agung sing ana ing panggonan omah paling mburi dewe. Pas aku mlebu nang kamare Agung sing kondisine koyok mari kenek gempa lan ambune kaya kandange wedhus sing ora tau diresiki pirang-pirang dina. Aku banjur nang kasure Agung sing lagi turu mengkurep lan aku weruh ana iler ing bantale, aku langsung jijik dhewe duwe kanca kaya Agung mengkono. Aku duwe ide.
                “Yooo.. apa yen aku langsung mencolot nang awake Agung. Ben areke kaget lan pengen weroh ekspresine kaya apa.”
                Dumadakan aku langsung mencolot nang awake Agung, Agung langsung mencolot teko panggonan turune maeng lan karo bengok-bengok sak karepe dhewe, ora iso meneng kaya pithik babon kate ngelairno.
                “Hahahahah... gung, Agung. Kowe iku arep tangi sampek jam piro, coba delengen nang jobo omah, srengengene wes ana ing dhuwure endhasmu!”
                “Oalah awakmu yo Di..?, dakpikir sopo iku mau. Awkmu lek nangikno aku kok ora tau karo kelembutan.. mesthi karo kekerasan tok ae?” Pitakone Agung sing wes mulai rada nesu
                “Iyooo.. Gung, sepurane. Ndang awakmu lek turu iku kaya kebo, ora tangi-tangi yen ora ditangikno karo sing duwe kebo!”
                “Perasamu aku iki ingon-ingonanmu apa?”
                “Ora walah..., awakmu iku lak kanca raketku.” Ngendikaku kanggo ngrayu Agung ben ora nesu maneh
                “Isooo.... ae lek awakmu ngerayu aku. Ana keperluan apa awakmu mrene, arep nyilih duwit tah?? Sepurane aku dorong ana duwit!”
                “Igak Gung... ora masalah iku, mosok aku sakben dulin mrene mesthi nyilih duwit terus?”
                “Ndang terus ana masalah apa?” Pitakone Agung karo rada angngop
                “Aku saiki nang omah kijenan, males nang omah terus, bosen Brooo..!! Aku kepingin ngajak awakmu dulin.”
                “Awakmu terus arep ngajak aku nang endi??? pokoke aja ngajak bluron yooo...., soale lek mari bluron awakku keroken kabeh.”
                “Ora Gung..., aku duwe ide. Sakiki lak ana panggonan PS anyar, aku arep dulin mrono!”
                “Ooooo.. iyo. Aku yo krungu-krungu ana panggonan PS anyar ayo mrono saiki!” Ngendikane Agung semangat nganti lali dorong adus
                “Sekk.. sekk.. engko sekk.., awakmu aduso sek ben ganteng lan resikono panggonan turumu, aku sampek ora betah suwe-suwe nang kene!”
                “Ooooohhh iyo lali... sepurane saking semangate arek, Hehehehehe!”
                Agung banjur adus lan ngresiki kamare, aku ngenteni ana ing ruang keluarga karo nyetel TV, soale Agung yen suwene 2 taun.
                “Aku wis siap Di... ayo budal..!” Ngendikane Agung sing tetep semangat
                “Yo wis ayo...!” Jawabku ora kalah semangat karo Agung
                Ing perjalanan nang panggonan PS mau, ana pithik kate. Agung sing dasare pancen arek usil, banjur nendang pithik mau. Pithik kate mau shock, banjur mabur ora karuan. Aku lan Agung ngumpet ngguyu, kene nglanjutke lumaku, nanging...
                “Gung.. awakmu ngerti ora pithik sing mari awakmu tendang?” Ngendikaku rada wedi
                “Iyo Di.. ana opo?” Jawabe Agung wedi pisan
                “Pithik kate mau nguber awak dhewek!!” Bengokku
                “Ayo mblayu Di..!!” Omonge Agung sing mlayu dhisik ninggalno aku
                Aku lan Agung banjur mblayu, kene muter-muter gang kanggo upaya bisa lolos saka makhluk iku. Akhire kita bisa lolos tepak pas tekan pinggir griyane Pak Lurah, untung pithik mau ora dadi nguber kene, malah nguber sepeda motor.
                “Ahh..slu..man, slu.. mun, slamet!!” Ngendikane Agung karo ngos-ngosan
                “Wah coba iku mau ora mbok tendang, kene ora bakal dikejar pithik kate kaya mengkene.”
                “Iyooo Di.. sepurane!!”
                “Sakiki keporo mari mblayu wetengku malih dadi perih.” Ngendikaku karo nyekel wetengku sing mulai lesu
                “Iyooo.. aku pisan Di, ayo gelek ganjele weteng!!” Ngendikane Agung sing mulai semangat maneh
“Iyoo.. ayo, sek tah aku mau weroh pelem sing wis mateng-mateng nang pinggir omahe PaK Lurah
“Ooooo.. bener ngendikamu Di.. wes mateng-mateng kabeh iku”
“Wis ayo ndang unduh mumpung wonge ana ing jero omah” Ngendikaku karo lirih-lirih ben ora krungu Pak Lurah
“Oke.. siap Boss, aku sing ngundu terus awakmu sing ngawasi keadaan, sopo weroh Pak Lurah metu saka omahe!!” Ngendikanke Agung karo semangat
Aku lan Agung langsung nyedaki wit pelem mau, dumadakan Pak Lurah metu saka omahe karo bengok-bengok.
“Hayooo... arep lapo awakmu, arep nyolong pelemku yoo..!!” Ngedikane Pak Lurah karo bengo-bengok
Aku langsung mblayu lan ninggalno Agung sing isih ana ing dhuwur wit pelem. Weroh aku mblayu Agung langsung mencolot saka wit pelem mau banjur melu mblayu nututi lumakuku.
“Waahhh... kene gagal nyolong pelem amarga keweruhan Pak Lurah Gung!!” Ngendikaku karo ngos-ngosan
“Iyoo.. Di, kene malih gagal nyolong pelem!!” Ngendikane Agung sing podo ngos-ngosan
“Wis sakiki langsung menyang nang panggonan PS, masalah ganjele weteng urusan mburi ae.” Ngendikaku marang Agung
“Oke ayo...”
Aku lan Agung langsung mlaku nang panggonan PS, dumadakan ana wong edan ing pinggir dalan.
“Gung.. ana wong edan ngok kono. Yo opo iki, iso lewat opo ora?” Pitakonku marang Agung
“Wis tenang ae, kene tetep iso lewat”
Aku lan Agung tetep lewat ing panggonan wong edan mau, dumadakan wong gendeng mau nguber aku lan Agung.
“Gung ayo mblayu sing banter... wong edan mau ngejar kene” Ngendikaku marang Agung karo mblayu
“Iyoo.. Di... ayo... mblayyyuuuu.....!!”
Akhire aku lan Agung ora dadi nang panggonan PS mau, amarga kesel mblayu-mblayu diuber pithik kate, Pak Lurah, lan wong edan.

Created :
Leonardo Fahdi O.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar