ORA SIDO PS’an
Dina
minggu kepungkur, yen dieling-eling sekitar tanggal 4 Oktober 2015, rumangsa
aras-arasen ora ana penggawean. Males, pengen metu omah! Amarga saben wektu
mesthi ana ing jero omah. Rumangsa kaya dara wae. Ning omah sepi, Bapak lan
Ibuku pada nang Nganjuk kanggo nekani dulure seng duwe gawe, lan ning jero omah
mung ana jenazah kecoa sing lagi melumah. Dumadakan aku duwe ide.
“Sakiki
lak ana panggonan PS anyar, dulin nang kono wae wes ambek ngajak Agung
mesisan.”
Aku
banjur adus, salin gawe kaos sing apik, lan ora lali gawe minyak wangi ben
ambune ora koyo wedhus. Aku enggal-enggal langsung nang omahe Agung karo mlaku,
ben sehat.
“Assalammualaikum,
gung...., Agung!” Ngandikaku
“Waalaikumsalam,
lho, Adi, ana perlu apa kowe mengkene?” Pitakone Ibuke Agung
“Ehhh...,
niku Buk, Agunge wonten ing griya napa boten?”
Pitakonku marang Ibuke Agung
“Enggeh
Mas Adi, Agunge wonten ing omah, areke isih turu. Sampeyan tangikno kono Mas,
soale lek ora ditangikno ora bakal tangi sampek sore, amarga Agung lek turu
kaya kebo, ora tangi-tangi!”
“Oooohh...,
enggeh Buk, kula nyuwun sewu.”
“Enggeh...,
monggo Mas Adi.”
Aku
langsung tumuju nang kamare Agung sing ana ing panggonan omah paling mburi
dewe. Pas aku mlebu nang kamare Agung sing kondisine koyok mari kenek gempa lan
ambune kaya kandange wedhus sing ora tau diresiki pirang-pirang dina. Aku
banjur nang kasure Agung sing lagi turu mengkurep lan aku weruh ana iler ing
bantale, aku langsung jijik dhewe duwe kanca kaya Agung mengkono. Aku duwe ide.
“Yooo..
apa yen aku langsung mencolot nang awake Agung. Ben areke kaget lan pengen
weroh ekspresine kaya apa.”
Dumadakan
aku langsung mencolot nang awake Agung, Agung langsung mencolot teko panggonan
turune maeng lan karo bengok-bengok sak karepe dhewe, ora iso meneng kaya
pithik babon kate ngelairno.
“Hahahahah...
gung, Agung. Kowe iku arep tangi sampek jam piro, coba delengen nang jobo omah,
srengengene wes ana ing dhuwure endhasmu!”
“Oalah
awakmu yo Di..?, dakpikir sopo iku mau. Awkmu lek nangikno aku kok ora tau karo
kelembutan.. mesthi karo kekerasan tok ae?” Pitakone Agung sing wes mulai rada
nesu
“Iyooo..
Gung, sepurane. Ndang awakmu lek turu iku kaya kebo, ora tangi-tangi yen ora ditangikno
karo sing duwe kebo!”
“Perasamu
aku iki ingon-ingonanmu apa?”
“Ora
walah..., awakmu iku lak kanca raketku.” Ngendikaku kanggo ngrayu Agung ben ora
nesu maneh
“Isooo....
ae lek awakmu ngerayu aku. Ana keperluan apa awakmu mrene, arep nyilih duwit
tah?? Sepurane aku dorong ana duwit!”
“Igak
Gung... ora masalah iku, mosok aku sakben dulin mrene mesthi nyilih duwit
terus?”
“Ndang
terus ana masalah apa?” Pitakone Agung karo rada angngop
“Aku
saiki nang omah kijenan, males nang omah terus, bosen Brooo..!! Aku kepingin
ngajak awakmu dulin.”
“Awakmu
terus arep ngajak aku nang endi??? pokoke aja ngajak bluron yooo...., soale lek
mari bluron awakku keroken kabeh.”
“Ora
Gung..., aku duwe ide. Sakiki lak ana panggonan PS anyar, aku arep dulin
mrono!”
“Ooooo..
iyo. Aku yo krungu-krungu ana panggonan PS anyar ayo mrono saiki!” Ngendikane
Agung semangat nganti lali dorong adus
“Sekk..
sekk.. engko sekk.., awakmu aduso sek ben ganteng lan resikono panggonan
turumu, aku sampek ora betah suwe-suwe nang kene!”
“Ooooohhh
iyo lali... sepurane saking semangate arek, Hehehehehe!”
Agung
banjur adus lan ngresiki kamare, aku ngenteni ana ing ruang keluarga karo
nyetel TV, soale Agung yen suwene 2 taun.
“Aku
wis siap Di... ayo budal..!” Ngendikane Agung sing tetep semangat
“Yo
wis ayo...!” Jawabku ora kalah semangat karo Agung
Ing
perjalanan nang panggonan PS mau, ana pithik kate. Agung sing dasare pancen
arek usil, banjur nendang pithik mau. Pithik kate mau shock, banjur mabur ora
karuan. Aku lan Agung ngumpet ngguyu, kene nglanjutke lumaku, nanging...
“Gung..
awakmu ngerti ora pithik sing mari awakmu tendang?” Ngendikaku rada wedi
“Iyo
Di.. ana opo?” Jawabe Agung wedi pisan
“Pithik
kate mau nguber awak dhewek!!” Bengokku
“Ayo
mblayu Di..!!” Omonge Agung sing mlayu dhisik ninggalno aku
Aku
lan Agung banjur mblayu, kene muter-muter gang kanggo upaya bisa lolos saka
makhluk iku. Akhire kita bisa lolos tepak pas tekan pinggir griyane Pak Lurah,
untung pithik mau ora dadi nguber kene, malah nguber sepeda motor.
“Ahh..slu..man,
slu.. mun, slamet!!” Ngendikane Agung karo ngos-ngosan
“Wah
coba iku mau ora mbok tendang, kene ora bakal dikejar pithik kate kaya mengkene.”
“Iyooo
Di.. sepurane!!”
“Sakiki
keporo mari mblayu wetengku malih dadi perih.” Ngendikaku karo nyekel wetengku
sing mulai lesu
“Iyooo..
aku pisan Di, ayo gelek ganjele weteng!!” Ngendikane Agung sing mulai semangat
maneh
“Iyoo.. ayo, sek tah
aku mau weroh pelem sing wis mateng-mateng nang pinggir omahe PaK Lurah
“Ooooo.. bener
ngendikamu Di.. wes mateng-mateng kabeh iku”
“Wis ayo ndang unduh
mumpung wonge ana ing jero omah” Ngendikaku karo lirih-lirih ben ora krungu Pak
Lurah
“Oke.. siap Boss,
aku sing ngundu terus awakmu sing ngawasi keadaan, sopo weroh Pak Lurah metu
saka omahe!!” Ngendikanke Agung karo semangat
Aku lan Agung
langsung nyedaki wit pelem mau, dumadakan Pak Lurah metu saka omahe karo
bengok-bengok.
“Hayooo... arep lapo
awakmu, arep nyolong pelemku yoo..!!” Ngedikane Pak Lurah karo bengo-bengok
Aku langsung mblayu
lan ninggalno Agung sing isih ana ing dhuwur wit pelem. Weroh aku mblayu Agung
langsung mencolot saka wit pelem mau banjur melu mblayu nututi lumakuku.
“Waahhh... kene
gagal nyolong pelem amarga keweruhan Pak Lurah Gung!!” Ngendikaku karo
ngos-ngosan
“Iyoo.. Di, kene
malih gagal nyolong pelem!!” Ngendikane Agung sing podo ngos-ngosan
“Wis sakiki langsung
menyang nang panggonan PS, masalah ganjele weteng urusan mburi ae.” Ngendikaku
marang Agung
“Oke ayo...”
Aku lan Agung
langsung mlaku nang panggonan PS, dumadakan ana wong edan ing pinggir dalan.
“Gung.. ana wong
edan ngok kono. Yo opo iki, iso lewat opo ora?” Pitakonku marang Agung
“Wis tenang ae, kene
tetep iso lewat”
Aku lan Agung tetep lewat
ing panggonan wong edan mau, dumadakan wong gendeng mau nguber aku lan Agung.
“Gung ayo mblayu
sing banter... wong edan mau ngejar kene” Ngendikaku marang Agung karo mblayu
“Iyoo.. Di... ayo...
mblayyyuuuu.....!!”
Akhire aku lan Agung
ora dadi nang panggonan PS mau, amarga kesel mblayu-mblayu diuber pithik kate,
Pak Lurah, lan wong edan.
Created :
Leonardo Fahdi O.
Adhi Setiawan
Cerita Lainnya :
Seklembar duwik ing nisor bangku
kisah bocah pangadol koran
Bapak
Ora ngerti tetep nekad
sekolah anyar
dalanku dudu dalane ibu
Cerita Lainnya :
Seklembar duwik ing nisor bangku
kisah bocah pangadol koran
Bapak
Ora ngerti tetep nekad
sekolah anyar
dalanku dudu dalane ibu